LAST UPDATE
print this page
Latest Post
Tampilkan postingan dengan label FALSAFAH JAWA. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label FALSAFAH JAWA. Tampilkan semua postingan

SULUK PLENCUNG

Goro-goro tanpa jejer punakawan wus dumadi ing nagri tanpa tuwan. Lindhu gedhe makaping-kaping esuk, sore, awan lan ing tengahing wengi gugah-gugah urip, uriping manungsa. Elik-elik ing talingan ati murih aririh padha elinga mring Sang Hyang Maha Kawasa. Ujare wara tapa donya iki wis sansaya tuwa, isen-isene weweg kebak memala suker. Mula lumrah manawa bumi obah njaluk banyu suci minangka pangruwating sukerta.

Ora susah was sumelang, dawane urip kena diwilang, abange getih iku nyilih, nyawa sadrema gadhuhan, palungguhan lan rejeki iku potangan, sing utama taberi ngibadah aja nganti belang-belang.

Mugya sesuk isih ana srengenge, supaya aku isih semengka nyaur pundhat utangku marang Gustiku. Ayo ayo aja endha, aja semaya,aja cidra apa maneh sulaya. Etung-etungan ing tembe wuri iku ora wola-wali nanging pesthi lan permati. Sapa lena bakal kapralaya, ilang kapracondhang dadi awu lan intiping nraka, ora ana kang bisa suwala.



Falsafah Hidup Orang Jawa


Ada 10 falsafah hidup tersebut yaitu:

1. Urip Iku Urup

(Hidup itu Nyala, Hidup itu hendaknya memberi manfaat bagi orang lain disekitar kita, semakin besar manfaat yang bisa kita berikan tentu akan lebih baik)

2. Memayu Hayuning Bawana
, Ambrasta dur Hangkara
(Manusia hidup di dunia harus mengusahakan keselamatan, kebahagiaan dan kesejahteraan; serta memberantas sifat angkara murka, serakah dan tamak).

3. Sura Dira Jaya Jayaningrat, Lebur Dening Pangastuti

(Segala sifat keras hati, picik, angkara murka, hanya bisa dikalahkan dengan sikap bijak, lembut hati dan sabar)

4. Ngluruk Tanpa Bala, Menang Tanpa Ngasorake, Sekti Tanpa Aji-Aji, Sugih Tanpa Bandha

(Berjuang tanpa perlu membawa massa; Menang tanpa merendahkan atau mempermalukan; Berwibawa tanpa mengandalkan kekuasaan, kekuatan,kekayaan atau keturunan; Kaya tanpa didasari kebendaan)

5. Datan Serik Lamun Ketaman, Datan Susah Lamun Kelangan

(Jangan gampang sakit hati manakala musibah menimpa diri; Jangan sedih manakala kehilangan sesuatu).

6. Aja Gumunan, Aja Getunan, Aja Kagetan, Aja Aleman

(Jangan mudah terheran-heran; Jangan mudah menyesal; Jangan mudah terkejut-kejut; Jangan mudah ngambeg, jangan manja).

7. Aja Ketungkul Marang Kalungguhan, Kadonyan lan Kemareman

(Janganlah terobsesi atau terkungkung oleh keinginan untuk memperoleh kedudukan, kebendaan dan kepuasan duniawi).

8. Aja Kuminter Mundak Keblinger, Aja Cidra Mundak Cilaka

(Jangan merasa paling pandai agar tidak salah arah;Jangan suka berbuat curang agar tidak celaka).

9. Aja Milik Barang Kang Melok, Aja Mangro Mundak Kendo

(Jangan tergiur oleh hal-hal yang tampak mewah, cantik, indah; Jangan berfikir mendua agar tidak kendor niat dan kendor semangat).

10. Aja Adigang, Adigung, Adiguna

(Jangan sok kuasa, sok besar, sok sakti)